.

China ing Grabag 1876

Sidik menulispada 31 Mei 2009 jam 12:18
sumber : Kyoto University Research Information Repository

Jaman tahun 1876 nang Grabag iku ono juragan jenenge The San, deknene bakul mbako sing gaweane ngumpulke mbako soko kadang tani sekitar grabag terus dikirim nang pelabuan Semarang banjur di ekspor. The San dewe pawongan soko Haicheng, China sing klebu generasi pertama teko nang Tanah Jawa, artine lahir nang Haicheng terus merantau tekan Grabag.
Rikala jaman semana, perjalanan Grabag - Semarang iku suwene 2 dino mlaku, leren nginep nang ambarawa (mungkin sing saiki akeh bakul serabi kui yo ?) isih ono macan lan sato kewan liyane sak dalan-dalan. The San manggon nang omah gedong gede, dikelilingi tembok duwur lan yen wancine sore, anak buahe podo masang ranjau pring kanggo njagani rampok lan maling. (Omahe sing endi yo ? ono sing ngerti ?)

Ora let suwe ono wong soko China teko meneh lan nyambut gawe nang omahe The San, jenenge Hwan-poo. Saking ulete olehe nyambut gawe lan gemi anggone nyimpen duit, ora nganti 5 tahun Hwan-poo wis iso usaha dagang dewe. Terus rabi lan due anak jenenge The Kong Liang.

Grabag jaman semono pernah ngalami dadi transit candu, dadi markas Partai Tiong Hoa Indonesia lan wis tau rame banget dibanding desa-desa liane. The Kong Liang kui salah siji tokoh china sing pengaruhe iso tekan Volksraad.

Sakwise jaman jepang, para china pada ngungsi

nah.. terus pegel nulise.. wis do riset dewe kono ! terutama cah grabag TV kui, digawe dokumenter terus melu festival kan apik.

http://ms-my.facebook.com/topic.php?uid=78348252213&topic=8302)
.

0 komentar:

Posting Komentar